Khutbah Idul Fitri 1433H
اَللهُ
اَكْبَرْ (×٧)
الحَمْدُ لله 2 الَذِى جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرً الَّذِى أُنْزِلَ فِيْهِ اْلقُرْآن هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَاْلفُرْقاَنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِله إِلاَّ الله وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَه رَحِيْمٌ لِّلْمُؤْمِنِيْنَ وَلِلْخَائِفِيْن اَمَاناً. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدً رَسُوْلُ الله عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه أُوْتِىَ اْلقُرْآن. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّد وَعلَى آلِه وَأَصْحَابِه حَمْلَةُ ْالهُدَى وَاْلبَيَان.
قال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ بالله من الشيطان الرجيم " شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِى اُنْزِلَ فِيْهِ اْلقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّناَتٍ مِّنَ اْلهُدَى وَالْفُرْقاَنِ"
وقَالَ رَسُولَ اللَّهِ صلى الله عليه وسلم : مَنْ قاَمَ رَمَضَانَ إِيْمَاناً وَاحْتِسَاباً غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ (متفق عليه)
أَمَّا بَعْدُ – فَيَا عِبَادَ اللهِ ! إِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْن وَأَطِيْعُوْا لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah…
Langkung rumiyin kulo wasiyat dumateng pribadi kulo
piyambak lan dateng kaum sedulur kulo muslim sedoyo. Monggo sami ajrih dateng
ngarsanipun Allah kelawan netepi sikap lan sifat takwa ingkang saestu-estu.
Sejatosipun takwa inggih kelawan ngamalaken sedoyo menopo ingkang dados
dawuhipun Allah lan nebihi sedoyo larangan-laranganipoun Allah swt.
Allahu Akbar, Allahu Akbar,
Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang kulo
mulyaaken… Dinten niki dinten riyoyo Fitri utawi Idul Fitri. Fitri niku
artosipun secara bahasa buko, minongko tandane wus rampung anggene
nglampahi puasa ramadhan. Kanthi rahmat lan kanugrahaning
Gusti Allah, kito sedoyo saget ngrampungaken kewajiban puasa kang kelebu rukun
Islam kang werno limo. Saksuwene poso niku kito sampun
saget nyingkirake hawa nafsu saking dahar
,ngombe lan liya liyane ,mulo kelawan tumibane ‘Idul Fitri niki kito kraos pikantuk kemenangan koyo dene prajurit
kang nembe kondur saking medan perang kelawan mbekto kemenangan ingkang kilang gumilang, sak temene nggih pancen kados
mekaten, nglawan hawa nafsu niku kalebet sewijine
jihad, sewijine perjuangan kang gede, Rosululloh saw naliko kondur saking
peperangan nglawan musuh kaum kafir lan
musyrikin ing medan perang, Panjenenganipun banjur ngendika:
“رَجَعْنَا مِنَ الْجِهَادِ اْلاَصْغَرِ
اِلَى اْلجِهَادِ اْلاَكْبَرِ, جِهَادِ النَّفْسِ”
Artine: Kito kabeh pada bali
songko jihad kang cilik (ngelawan mungsuh) nuju ngadepi jihad kang luwih gedhe,
ya niku Jihad (nglawan) Nefsu”..
Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
Kaum muslimin yang berbahagia!
katah sanget poro menungso kang
ngakeni beragama islam, nanging sholat mboten nate ngelakoni, poso ugi mboten.
Anehe yen ‘Idul Fitri sami dumugi, gih derek bungah-bungah, lan melu seneng-seneng, klambi anyar, lan
liya-liyane. Polah tingkahipun menungso-menungso wau koyo-koyo poro pahlawan
ingkang nembe wangsul sangking medan perang,
nanging sak temene rupane musuh mawon mboten sami weruh,nopo
malih mateni lan natoni musuh.
Banget olehe mboten gadhahi raos isin piyantun-piyantun
kados mekaten niku, ngaku nipun pahlawan perang, nyatane mung
pahlawan jajan lan jenang. Nyambut riyadin kanthi bingah
lan suko cito pareng ke mawon,, bungah-bungah oleh, nanging sak madya mawon.
Ono sawijine ulama islam, arane Abu Yazid, ngucap mangkene :
لَيْسَ اْلعِيْدُ لِمَنْ لَبِسَ اْلجَدِيْدَ, وَلاَ لِمَنْ اَكَلَ
اْلقَدِيْدَ, وَلَكِنَّ اْلعِيْدُ لِمَنْ طَاعَتُهُ تَزِيْدُ, وَخَافَ اْلوَعِيْدَ.
Artine: “riyoyo niku dudu kanggo piyantun kang
nyandang anyar tur mangan dendeng enak, nanging riyoyo niku kanggone piyantun
kang ketaatane marang Alloh biso tambah lan wedi marang ancaman siksane.”
Dados jelas
menawai piyantun kang naliko nyambut dino riyoyo mung kelawan seneng-seneng lan
lampah mubadzir, niku namung nuruti kekarepane howo nafsune lan yen dituruti
terus, hawa nafsu niku mboten wonten mareme, ora ono akhire. Tambah suwe tambah
ndadi, koyo dene piyantun ngunjuk banyu segoro kang asin, tambah akeh olehe
ngombe, tambah nemen ngelake. Imam Al Bushiri ing dalem kitab Al Burdah,
ngaturaken syi’irane :
“وَالنَّفْسُ كَالطِّفْلِ اِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى * حُبِّ
الرَّضَاعِ وَاِنْ تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ”
“Howo nafsu niku koyo bocah cilik, lamun siro tok ake, mesti terus olehe seneng nyusu, nanging lamun siro sapih (dipedot) hiyo bakal kasapih (biso medhot banyu susu).”
“Howo nafsu niku koyo bocah cilik, lamun siro tok ake, mesti terus olehe seneng nyusu, nanging lamun siro sapih (dipedot) hiyo bakal kasapih (biso medhot banyu susu).”
Rosululloh SAW ngendikaake yen piyantun
kang seneng nuruti nafsune niku durung biso sempurno imane.
لاَيُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ حَتَّي يَكُوْنَ هَوَاهُ تَبَعًا لِمَا جِئْتُ بِهِ
Artine : “Ora sampurno imane salah sawijine siro
kabeh, sahinggo howo nafsune gelem di anutake marang agomo kang ingsun (Nabi
Muhammad) gawa (yakni Agami Islam).” Diriwayatake deneng Imam
Bukhori.
Dados sanes agamine ingkang dianutake miturut kekarepane howo nafsune,
Nanging howo nafsune kang kedah di rem, dikendalikno sarto disetir dening agami
Islam. Yen lampah niki pun saget ditindak aken nembe saget kawastanan sampurno
imanipun.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar.
Kaum Muslimin Muslimat Ingkang Berbahagia.
Saben-saben piyantun kang anduweni cito-cito utowo
niat kepingin gayuh sewijine perkoro kang nyebabake kepenak, mesti lan wajib
wani ngadepi kesengsaran, kerupekan lan wajib tahan tur sabar.
Kito kepingin ngraosaken legine nangka, kedah wani
keno pulut, kito kepingin ngraosaken legine madu tawon,kedah wani
dientup tawon, lan sak lajengipun.
Ringkesipun kabeh kelapangan lan kesenengan kedah
digoleki kelawan wani nandang sengsoro lan prihatin. Semanten ugi dino riyaya
niki, dino kang dirameake kelawan kabungahan lan kasenengan, saget kalampahan mung kelawan wontenipun wulan poso romadhon ingkang
ing sak lebeting sewulan muput terus-menerus
ngraosaken ngelak lang ngelih utawa .
Mulo piyantun
kang tumut Riyoyo,ananging
emoh nindakaken poso niku keno diarani gawe
sakepenake dewe, ibarat gelem mangan nangkane emoh gupak pulute. Rekoso disik
banjur bungah-bungah, niku ora mung menungso thok, cobi kito pirsani kahanane
kupu, asale uler. Naliko deweke kepengin biso mabur dadi kupu, bebas mrono
mrene, banjur deweke ngenthung, poso ora mangan lan ora ngombe, awake
dilebokake guwo, yo niku enthunge, nganthi
pirang-pirang dino. Akhire dadi kupu, biso ngambah gegono, mebur kelawan
sentosa.ingKang mekaten meniko wajib dadi pepeling utowo tadzkiroh tumrap poro menungso kang biso
migunaake akal ipun.
Mulo niku cocok banget nopo ingkang dipun dhawuhake
dening Allah Ta’ala
¨bÎ*sù yìtB ÎŽô£ãèø9$# #·Žô£ç„ ÇÎÈ ¨bÎ) yìtB ÎŽô£ãèø9$# #ZŽô£ç„ ÇÏÈ
karena Sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada
kemudahan,
Sesungguhnya
sesudah kesulitan itu ada kemudahan.
Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
kaum muslimin wal muslimat ingkang berbahagia!
Naliko Shiyam kito ngraosaken ngelih lan ngelak,
kiro-kiro mung ing wektu poso thok kito ngraosaken mekaten, menawi mboten poso
mesti saget dhahar-ngunjuk nganti marem.
Nanging yen kitho neliti kahanane poro kaum faqir miskin, sangsara sanget pagesanganipun,
sedina mangan sedina mboten, lan saben dinane mlaku turut dalan jaluk
kawelasane tiyang sanes. Piyantun kang mengkono iku saben dino ngraosaken ngelak lan ngelih, saben dina
atine tansah susah kerono durung karuan ingkang
didahar.
Mulo niku sakwuse kitho ngraosaken sangsarane ora
mangan lan ora ngombe sewulan muput, banjur mestine yo kedah thukul roso welas
lan asih marang poro faqir miskin.
Kerono niku agama islam banjur majibaken tumrap
ummatipun supados ngedalaken zakat fithrah lan yen ono sandangan kang wus ora
dienggo, becike dishodaqohake marang piyantun-piyantun kang kekurangan Kanti mekaten berarti, kitho sampun ngamalake perintahe Rosululloh saw hiyo niku :
أَغْنُوْهُمْ عَنِ السُّؤَالِ فِى هَذَا اْليَوْمِ .
Artine : “Poro faqir miskin niku cukupono
(sandang pangane) supoyo ojo nganthi jejaluk ing dino riyoyo iki.”
Tegese ojo nganthi yen
dino riyoyo niku katon ono piyantun ngemis, sebab mesaake banget, wayahe
piyantun akeh podo seneng-seneng, sambang-sinambang, ziaroh-ziarohan kelawan
mangan jajan lan ngombe wedang, dumadaan isih ono sepirangan menungso kang
kapekso jaluk-jaluk kanggo ngisi wetenge, mongko yen ditakoni agamane, piyantun
ngemis mahu ngandaake, “agami kulo Islam”. Dadi yen mengkono piyantun niku isih
sedulur kitho dewe tunggal agama. Opo ora terenyuh manah kitho. Mugo-mugo kitho
diparingi sifat welas lan asih marang sepodo-podo
makhluq ing bumi, supoyo kitho diasihi dening sinten kemawaon kang mapan ono
ing langit. Rosululloh saw dawuh :
اِرْحَمْ مَنْ فِى اْلأَرْضِ ،
يَرْحَمْكَ مَنْ فِى السَّمَاء
ِArtine : “Welaso siro marang kang ono
ing bumi, siro mesti diwelasi kang ono ing langit.” Diriwayatake dening
Imam At Thobroni saking shohabat Jarir ra.
Allohu Akbar, Allohu Akbar, Allohu Akbar.
(#qà)ÏÿRr&ur `ÏB
$¨B Nä3»oYø%y—u‘ `ÏiB È@ö6s% br&
š†ÎAù'tƒ
ãNä.y‰tnr&
ßNöqyJø9$#
tAqà)u‹sù Éb>u‘
Iwöqs9
ûÓÍ_s?ö¨zr&
#’n<Î)
9@y_r&
5=ƒÌs% šX£‰¢¹r'sù `ä.r&ur
z`ÏiB tûüÅsÎ=»¢Á9$#
ÇÊÉÈ `s9ur
t½jzxsムª!$# $²¡øÿtR
#sŒÎ) uä!%y` $ygè=y_r&
4 ª!$#ur 7ŽÎ7yz
$yJÎ/ tbqè=yJ÷ès?
ÇÊÊÈ
Artine :
“Lan siro kabeh podo infaqna songko rizqi
kang wus ingsun paringake marang siro kabeh, sak durunge salah suwijine siro
kabeh niku katekan pati, banjur matur : “Duh pengeran kulo, mugi panjenengan
paring wekdal sakedap kemawon kulo bade shodaqoh lan bade dados golonganipun
tiyang sahe-sahe. Alloh
ora bakal paring kelonggaran wektu marang piyantun lamun wus teka titi mangsane
pati. Alloh niku Moho Waspodo marang opo wahe kang siro kabeh tindaake.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar