Kamis, 24 April 2014

khutbah bahasa jawa



الخطبة الاولى

            الحمد لله نحمده و نستعينه و نستغفره و نعوذ بالله من شرور انفسنا و من سيئات اعمالنا, من يهد الله فلا مضل له, و من يضلل فلا هادي له. اشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له, و اشهد ان محمدا عبده و رسوله لا نبي بعده. اللهم صل و سلم على سيدنا محمد و على اله و صحبه و من والاه. اما بعد : فيا عباد الله, اوصيكم و اياي نفسي بتقوى الله, ان الله مع الذين اتقوا و الذين هم محسنون. 

            MINANGKA purwakaning atur, sumangga kita tansah ngunjukaken puja puji syukur sahandhap pepadaning Allah Ingkang Maha Kawasa dene sampun kepareng paring pinten-pinten kanikmatan dalah kanugrahanipun, rahmat saha hidayahipun, katiti ing siang punika panjenengan sadaya lan kula saged kempal manunggal ing masjid mriki saperlu ngleksanakaken salah satunggaling dhawuh agami inggih punika shalat Jum’ah kanthi berjamaah.
            Salajengipun sih rahmat saha salam kawilujengan mugi tansah katetepna, kaluberna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang sampun kautus minangka pamungkasing para nabi lan rasul, mugi-mugi kanthi kita dados umatipun kita kalebetna ewonipun tiyang ingkang wilujeng wiwit dunyo dumugi yaumil qiyamah. Allahumma Amiin.
            Minangka jejering khatib ing titi wanci punika, kula tansah ngajak dhumateng sagung para jamaah, lan mliginipun dhumateng dhiri pribadi kula, sumangga kita tansah mbudidaya ningkataken iman lan taqwa kita dhumateng Allah Ingkang Maha Agung. Awit iman lan taqwa punika yektos ingkang badhe milujengaken panggesangan kita sae ing jagat padhang punika punapa dene ing dinten akhir ing mangke.



اخر الخطبة


بارك الله لي و لكم في القران العظيم و نفعني و اياكم بما فيه من الايات و الذكر الحكيم. و قل رب اغفر و ارحم و انت خير الراحمين.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar