Agama Ingkang Sampurna
Manungsa
dipun ciptakaken dening Allah SWT kanthi tujuan ingkang luhur lan mulya inggih
punika supados dados khalifah fil 'ardh (pengganti peran Allah ing
salumahing bumi) ingkang tugas lan fungsinipun makmuraken bumi saisinipun. Pramila
manungsa dipun bekali akal ingkang mboten dipun paringaken dhateng makhluk
sanesipun. Ing pangajab kanthi akal punika manungsa saged makarya, berkreasi,
berinovasi kangge mujudaken bumi punika majeng, adil, lan makmur.
Ananging kangge
ngrembakaken fungsi akal punika manungsa ngadhepi tantangan ingkang mboten
entheng. Awit ing lebeting dhiri manungsa punika ugi wonten nafsu ingkang kasunyatanipun
condhong ngajak dhateng tumindak ingkang awon, nistha, lan munkar. Pramila ing
dalem ngayahi gesang punika manungsa ngadhepi paprangan antawisipun akal lan
nafsu. Menawi akal menang, manungsa bakal mulya. Kosok wangsulipun menawi nafsu
ingkang menang, manungsa anjlok derajatipun malah langkung andhap tinimbang
kewan.
Manungsa lahir mboten dipun umbar
dening Allah SWT. Kangge ngrembakaken fungsi akal lan ngendhalekaken sepak
terjang nafsu, Allah SWT nurunaken agama kangge pepadhang gesang manungsa. Manungsa
menawi sampun pikantuk hidayah utawi nurullah insya Allah tandang tandukipun
condhong dhateng tumindak ingkang positif lan paring piguna tumrap bebrayan
agung. Akal dipun manfangataken kagem menggalih ciptaan Allah lan kemajengan
gesang, mboten kagem ngakali sapadha-padha.
Agami Islam ingkang kita anut punika
mujudaken agami ingkang sampurna. Allah SWT ngendikaken ing Surat Al-Maidah
ayat 3 ingkang suraosipun: "Dina iki, Ingsun wis nyempurnakake agamaira
kabeh, lan nyempurnakake nikmatira kabeh, lan Ingsun uga ridha agama Islam dadi
agama kang padha ira rungkebi." Ugi Islam mujudaken agami ingkang dipun
akeni dening Allah kados pangandikanipun ing Surat Ali Imran ayat 19:
"Sejatine agama kang den akoni ana ing ngarsane Allah Taala iku mung agama
Islam." Wonten ing ayat sanes ugi dipun ngendikaken: "Sing sapa wonge
nuprih agama saliyane agama Islam dheweke ora bakal ketrima lan ana ing akherat
bakal kapitunan." (QS Ali Imran ayat 85).
Islam sinebat agami sampurna awit
mengku pitedah gesang ingkang lengkap, ajaranipun mboten winates wekdal lan
papan panggenan, saha jumbuh kalayan tabiat lan fitrah kedadosan manungsa.
Dipun sebataken ing Surat Ar-Rum ayat 30: "Mula sira jejegna adhepira
marang agama sarana condhong temenan marang agama iku, tetepana fitrah Allah
(dhasar agami Islam) kang Allah Taala wus nitahake sekabehane manungsa iku, ora
kepareng ngowah-owahi marang titahe Allah mau. Iyo mengkono iku agama kang
jejeg, ananging akeh-akehe manungsa ora padha mangerti (nyawijekake marang
Allah).
Akhir-akhir punika kita estu
prihatos, awit wonten saperangan tiyang utawi kelompok ingkang njarag badhe
ngosak-asik, ngacak-acak kesucian utawi kemurnian agami Islam. Menawi umat
Islam tipis iman lan keyakinanipun temtu badhe terombang-ambing utawi gampil
goreh ing dalem ngadhepi kawontenan punika. Kita temtu taksih emut, wonten
oknum ingkang ngaku-ngaku dados nabi, malaikat, juru selamat, al masih al
maw'ud lsp.
Kita kedah mbudidaya ningkataken ilmu,
pangertosan, lan wawasan babagan agami Islam supados kita sangsaya mantep
anggen ngrungkebi agaminipun Allah punika. Menawi prinsip-prinsip agami sampun
kita ugemi insya Allah kita bakal wilujeng sinaosa zaman berubah. Pramila
mangga kita ajegaken anggen nderes Al Qur'an, mangga kita regengaken majlis
taklim lan kegiatan agami ing lingkungan kita masing-masing.
Kangge nylametaken umat, njagi
akidah umat, lan mbentengi umat saking pengaruh negatif ingkang bakal ngrisak
keutuhan Ukhuwah Islamiyah, Majlis Ulama Indonesia minangka songsong agung
tumrap umat Islam sampun ngrumusaken 10 (sedasa) kriteria kangge nitik pundi
kemawon aliran utawi faham ingkang nyimpang/nyempal saking pokok-pokok ajaran
Islam:
1.
Ngingkari rukun iman ingkang cacahipun 6 lan rukun
Islam ingkang cacahipun 5.
2.
Ngyakini lan utawi ndherek akidah ingkang mboten
jumbuh kalayan tuntunan Al Qur'an saha Sunnah.
3.
Ngyakini tumurunipun wahyu sasampunipun Al Qur'an.
4.
Ngingkari keaslian lan utawi kebenaran isi al
Qur'an
5.
Nafsiraken Al Qur'an mboten ngginakaken kaidah
tafsir.
6.
Ngingkari fungsi Hadits Nabi minangka sumber ajaran
Islam.
7.
Melecehkan lan utawi ngremehaken para nabi lan
rasul.
8.
Ngingkari Nabi Muhammad SAW minangka nabi lan rasul
terakhir.
9.
Ngewah-ewahi pokok-pokok ibadah ingkang sampun
dipun temtokaken dening syariah, kadosta haji mboten perlu dhateng Makkah,
sholat mboten kedah 5 wektu lsp.
10. Ngafiraken sesami
tiyang Islam tanpa dalil syar'i.
Salajengipun
faham Islam ingkang dipun nut mayoritas umat Islam Indonesia inggih punika
faham ingkang badhe mujudaken watak ajaran Islam ingkang rahmatan lil
'alamin ingkang ciri-cirinipun inggih punika:
1.
Tawassuth lan i'tidal (tengah-tengah) inggih
punika sikep memahami agami kanthi moderat, mboten ekstrem.
2.
Tasamuh (toleran) inggih punika nampi lan menghargai
perbedaan pendapat kanthi jembar dhadha ananging dipun iringi sikep lan teguh
pendirian.
3.
Tawazun (seimbang) inggih punika mawas fenomena gesang
saking pinten-pinten sudut pandang, lajeng mendhet posisi seimbang sarta
proporsional.
4.
Amar makruf nahi munkar, inggih punika ngajak
dhateng kesaenan lan nyegah tumindak munkar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar