Kamis, 24 April 2014

KHUTBAH JUM'AT : BAHASA JAWA



 Sidangjum’at rohimakumulloh
Ingkang sepindah kawulo ngajak dumateng awak kawulo piyambak lan sedoyo jamaah, sumonggo kito ningkataken iman soho taqwo kito dimateng Alloh SWT. Kanthi predikat iman ingkang saestu sahinggo kito dados golongan umat ingkang kamil (sampurno). Iman ingkang ateges pithados dumateng Alloh SWT, ingkang dipun lahiraken saking ati kito, lisan kito, khaliyah (prilaku) kito. Taqwo ingkang ateges nglampahi punopo ingkang dados perintahipun Alloh SWT lan nebihi sedoyo ingkang dados laranganipun Alloh SWT. Sholawat soho salam kito aturaken dumateng Nabi Muhammad SAW, mugi kito dados golongan ingkang pikantuk syafaatipun dunyo dumugining akherat.

     Sidang jum’at rohimakumulloh
 Wonten kesempatan sidang jum’at puniko kawulo kepareng ngaturaken judul : Iman dumateng dinten akhir. Iman dumateng dinten akhir utawi qiyamat puniko iman sepenuh hati lan yakin ingkang kukuh bade risak sae ingkang wonten langit,bumi sak isinipun soho matinipun sedoyo umat lan makhluqipun Alloh.Dinten qiyamat ugi kawastanan dinten pembalasan.sahinggo sak mangken termasuk golongan umat ingkang bejo utawi umat ingkang ciloko, golongan suargo utawi neroko sak sampunipun dipun tangeaken saking kubur.  Alloh dawuh wonten QS. Al Hajj : 7



Tegesipun         : lan temen setuhune dino qiyamat iku mesti teko,ora ono kerahuan ing dalem qiyamat lan temen setuhune dino qiyamat iku arep den tangeake kaduwe sopo wae kang ono ing kubur (QS. Al Hajj : 7)

Sidang jum’at rohimakumulloh
Wondene tanda-tandanipun qiyamat ingkang kito pendet saking kitab asyrotussa’ah enjih puniko :
1. srengee medal saking arah kilen.
2. medalipun dajjal.
3. medalipun ya’juj dan ma’juj.
4. medalipun imam mahdi.
5. mandapipun Nabi Isa As
6. dipun rafa’aken(diangkat) ilmunipun Alloh kanthi sedonipun poro ulam’.
7. fitnah lan paten pinaten wonten masyarakat.

 Sidang jum’at rohimakumulloh
Kejadian ingkang kaitanipun kalian dinten qiyamat enjih puniko :
1.    Alam Barzakh ( Alam kubur) : terminal ingkang sepisan sak sampunipun manungso sedo mobten sanes kubur. Wonten alam kubur puniko bade pikantuk nikmat utawi sewalik-ipun sikso kubur. Alloh Dawuh wonten QS. Al Mukminun : 100




Tegesipun     : lan ing ngarepe siro kabeh ono barzakh samapai tekoning dino siro  kabeh di bangkitgake (  QS. Al Mukminun : 100)
2.    Alam Ba’as (kebangkitan) maksudipun : sak sampunipun manungso nglampahi wonten alam kubur  teras bade dipun tangeaken sak sampunipun tiupan kaping kalih malaikat Isrofil amargi tiupan kaping setunggal maboten sanes risakipun sedoyo langit, bumi lan seisinipun.
3.    Alam Mahsyar dipun kempalaken sedoyo manungso wonten oro-oro ingkang sampun dipun siapaken Alloh wiwit Nabi Adam As dumugi manungso akhiruzzaman. Dawuhipun Alloh QS. Al An’am : 22




Tegesipun : lan ing dalem dino tetkalane ingsun Alloh kumpulake kadewe siro kabeh mongko nuli ingsung (Alloh) dawuh maring wong-wong kang podo nyekuthoake Alloh SWT ono endhi sembahan-sembahan kang biyen siro kabeh nyono (QS. Al An’am : 22)
4 Alam Hisab. Saksampunipun dipun kempalaken wonten padang mahsyar manungso bade pikantuk keadilanipun Alloh arupi etangan amal sae utawi amal awon lajeng pikantuk raport ingkang bade nentuaken golongan surgo utawi neroko. 
5. Alam Syirot arupi dalan ingkang ngandapipun neroko artosipun menawi dawah manungso puniko teras mlebet neroko lan menawi manungso saget hasil nglewati syirot /jembatan puniko langsung mlebet  surgo. 






















Tidak ada komentar:

Posting Komentar