KHUTBAH NIKAH
Assalamualaikum Wr. Wb.
ان الحمد لله،
نستعينه ونستغفره، ونعوذ به من شرور انفسنا، من يهد الله
فلا مضل له، ومن يضلل فلا هادى له، واشهد ان
لااله الاالله، واشهد
ان محمدا عبده ورسوله صلى الله عليه وسلم وعلى
اله واصحبه
: (و اتقوا الله الذى تساءلون به والأرحام إن
الله
كان عليكم رقيبا ً) ( ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق
تقاته ولا
تموتن إلا وأنتم مسلمون ) ( ياأيها الذين آمنوا
اتقوا الله وقولوا قولا
سديدا يصلح لكم
أعمالكم ويغفر لكم ذنوبكم، ومن يطع الله ورسوله فقد
فاز فوزا عظيما )
Bapak ................ sekalian garwo ingkang kulo hormati
Angger ............ lan
..................... kang dak tresnani
Poro rawuh
ingkang dahat sinudarsono
Aku minangkani tetalang tutur Bapak Ibumu melu
syukur ono ngarso dalem Allah. Dene esuk
iki biso bebarengan kurmat marang akad nikahmu. Mugo-mugo tutur khutbahku iki
ora mung migunani marang sliramu sakloron, ananging ugo migunani kanggo awakku
dewe sumrambah marang poro rawuh. Mugo-mugo Allah subhanahu wata’ala ugo kerso paring pangapuro ing mbok menowo ono
tutur ku sing kurang trep.
angger sekaliyan,
Sedelo maneh
sliramu sakloron arep nglakoni sing
aran akad nikah. Becik dipahami, senajan
ijab kabul akad nikah iku mung sedelo wektune. Kiro-kiro mung limang menit.
Ananging mengku maksud sing agung ono
ing ngarsane Allah lan manungso. Bobot keagungane akad nikah iku dipada’ake
karo derajat perjanjiane Nabi ono ngarsane Allah.
Al-Qur’an ngendika’ake kanthi ukoro mitsaqan
ghalidza (perjanjian sing agung). Kanthi
perjanjian agung iku, Nabi ora pernah pisan-pisan kumowani nyulayani dawuhe Allah,
lan Allah ugo ora pernah nyulayani janji marang Nabine. Mulo, sing sopo wae wis
nglakoni akad nikah, podo karo wis pernah gawe janji sing agung karo garwo, moro sepuh, lan sanak sedulure.
Janji
iku ora mung dicatet lan dieling-eling karo manungso, nanging dicatet lan
diteteni karo Allah. Janji iku ora pareng pisan wae dicidrani, nyang ngendi wae
papan panggonane, kapan wae mangsane, lan kanthi piye wae carane. Tumindak sing
biso kelebu nyidrani janji iku akeh wernane. Awit seko tumindak ngapusi, ngakali,
opo maneh nganti milarani.
Angger sekaliyan,
Akeh
tepo tlodo sing biso digawe wewarah. Wong urip bebrayan iku, senajan wis digawe
ati-ati nyatane isih kerep ono sing kesandung-sandung, senajan wis digawe resik
nyatane isih ono sing kerep katon regetane, senajan wis digawe patuh nyatane
isih kerep ono sing katon durakane, senajan wis digawe gampang nyatane isih kerep
oni sing katon angel lakonane, senajan wis digawe seneng nyatane isih kerep ono
sing katon akeh susahe.
Iku
pratondo yen saktemene urip bebrayan iku ora gampang lan ora biso dilakoni
kanthi coro ngge-gampang. Mulo, kabeh tumindak sajroning bebrayan iku kudu sarwo
dipikir disik kanthi ati-ati. Ora mung dipikir piye tujuane lan carane,
ananging ugo ditimbang-timbang piye tembe mburine.
Sliramu
sakloron biso nyawang nyang kiwo tengen. Akeh wong sing kebat keliwat, kesusu,
lan grusa-grusu. Tuunane luru untung, nanging tembe mburine malah mung nemoni buntung.
Akeh wong sing nggegampang rembug, tundane mung kagebug. Akeh sing nggegampang
perkoro, tembe mburine mung nemoni sengsoro.
Supoyo
sliramu sakloron biso mikir lan nimbang-nimbang tumindak sing apik, mulo perlu
nyedak marang wong sing kulino tumindak apik. Bebasan wong seneng nyedak minyak
wangi, upomo to ora melu wangi, sak oran-orane wis pernah ngerti gandane wangi.
Wong urip iki miderek pangandikane Allah ono ing
Al-Qur’an surah Al-Mulk ayat 2:
Allah nyipto pati lan urip iku saktemen mung ujian
kanggo manungso. Sopo sing lelakone paling becik ono ngarso dalem Allah,
pratondo lulus ujiane. Sliramu sakloron rikolo ngayahi urip iki ugo dak
ibaratake bocah sekolah. Kudu nglakoni sing aran ujian. Pitakon ujian kanggo
bocah TK mestine bedo karo bocah SD, mengkono ugo pitakon kanggo bocah SMP,
SMA, lan perguruan tinggi.
Pitakon ujian
urip iki kasunyatan ugo bedo-bedo antarane siji lan sijine. Ono sing ngarani
gampang, ananging ono sing ngroso abot. Yen disawang-sawang, ono wong urip iki sing
ujiane awake dhewe, ono wong sing ujiane malah garwane, ono wong sing ujiane malah putrane, ono wong sing ujianen iku pangkate,
lan ono wong sing ujiane iku bandane.
Saktemene, Kabeh mau mung sawang sinawang. Mulo,
sliramu becik dadi wong sing ojo kagetan lan ojo gumumunan nyawang ujian urip iki. Saktemene sak angel-engele soal
ujian urip iki mesti ono kunci jawabane. Meh ora bakal tinemu ono pitakon ujian
sing ora ono kunci jawabane. Lha, sing ngerti persis kunci jawane ujian iku, yo
mesti sing gawe pitakon. Meh ora bakal tinemu ono guru sing maringi pitakon
ujian kanthi tujuan miloro. Senajan pitakon ujian iku angel jawabane, kabeh
guru mesti duwe niat ben muride soyo pinter, sebab gurune tresno marang muride.
Yen manungso wae koyo mengkono, Allah
Subhanahu wa ta’ala mesti Moho Pisrso jawaban seko pitakon ujian urip iki.
Kanggo ngerteni kunci jawanae pitakon ujian urip iku,
manungso ora mung cukup cekelan nalar, ananging kudu bali cecekelan marang dawuhe
Allah Subhanahu wata’ala kang sinirat ono kitab suci Al-Qur’an lan pangandikane
Nabi Muhammad SAW.
Pesenku sing pungkasan, becik dieling-eling yen sliramu iku biyen bayi, banjur dipulosoro karo bapak ibumu nganti biso dadi gedhe lan pinter koyo saiki. Ora mung cukup semono, sanak sedulur malah keporo tonggo teparo ugo melu nyengkuyung usaha keluargamu iku. Kabeh mau nuduhake, yen manungso iku ora biso urip dewe.
Manungso iku mung titah sak wantah. Biso
gedhe, biso pinter, biso sugih amargo kanugrahan nikmat saking Allah lumantar
welas asihe bapak ibune, lan urun rembug sanak sedulur ugo tonggo teparone.
Mulo,
dadi anak lan dadi mantu kudu mituhu marang bapak ibu lan moro sepuh, lan
semedulur marang sanak lan taanggane. Dawuhe Allah, anisy kurli waliwalidaik
(maturnuwuno marang wong tuamu minongko wujud bekti marang pengeranmu).
Sak
kurepe langit, sak lumahe bumi durung pernah keprungu crito ono wong mulyo
mergo duroko marang wong tuo. Sing kerep
keprungu critane, akeh wong sing mulyo amargo ngabekti marang wong tuo.
Sak
kurepe langit, sak lumahe bumi ugo durung pernah kaprungu crito ono wong luhur
drajate mergo kerep derdah karo sanak sedulur lan tonggo teparone. Crito sing
kerep kaprungu, wong podo luhur drajate mergo rukun lan becik marang sanak
sedulur lan tonggo teparone.
Mulo,
Rasulullah Muhammad S.A.W. nganti
wanti-wanti tenan, “yen awak’e dhewe iki kepingin dianggep tenanan anggone iman marang ngarsane
Allah lan iman marang dino akhir, didawuhi supoyo raket lan becik karo sedulur
lan tonggo teparone”.
Cukup
semene pesenku minangkani pamundut seko Bapak ibumu. Mugo-mugo sliramu sakloron
kanthi akad nikah iki tansah diparingi; Iman
Islam sing tambah mantep, ngibadah sing tambah sregep, rezeki sing tambah
gampang lan jembar, keturunan sing salih salihah, lan urip bebrayan kalis ing sambikolo. Barakallahu laka wa
baraka alai’ka wa jama’a bainakuma fi khair.
Wassalamualaikum
Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar