Fungsi Syari’at
Sedaya manungsa ing alam padhang menika temtu nggadhahi
gegayuhan supados kahanan gesang menika ketingal endah, tertib, aman, lan
harmonis. Pramila sedaya tiyang ing pundi papan panggenan ngawontenaken pinten-pinten
peraturan ingkang kedah dipun taati wiwit lingkup RT, RW, Desa ngantos tingkat
negari. Peraturan-peraturan kalawau menawi dipun leksanakaken kanthi dhasar
ikhlas lan sadhar temtu badhe nuwuhaken swasana guyub lan nyaman ing dalem bebrayan.
Kosok wangsulipun menawi dipun langgar utawi mboten dipun gubris, swasana
gesang bakal bosah-baseh lan semrawut.
Mekaten
ugi Allah SWT nyiptakaken manungsa menika mboten dipun umbar. Jalaran manungsa
gesang menika mboten namung mbetahaken kacekapan materi kemawon ananging ingkang
langkung penting manungsa ugi betah swasana batin ingkang ayom, ayem, tentrem.
Pramila wiwit jaman Nabi Adam As. ngantos dumugi Nabi Muhammad SAW, Allah SWT
nurunaken syari’at kagem kawulanipun sanadyan mboten sami satunggal baka
satunggalipun.
Syari’at
utawi Undang-undang Samawi menawi dipun penggalih estunipun kagem kemaslahatan
gesang manungsa piyambak. Sebab Allah mboten gadhah pamrih menapa-menapa saking
kawulanipun. Printah agami ingkang arupi shalat, siyam, zakat lsp estunipun
mengku pinten-pinten hikmah ingkang sinimpen. Menawi kita saged ngleksanakaken
printah-printahipun lan nebihi awisan-awisanipun temtu kita badhe ngraosaken
lezatipun iman. Kosok wangsulipun menawi kita mbangkang dhateng syari’atipun
kita mboten namung sengsara ting donya kemawon ananging ing akherat ugi bakal
nandhang kacilakan.
Sumangga
kita gatosaken firman Allah SWT:
Ingkang jawinipun: “Elingana,
namung kalawan dzikir marang Allah ati ira bakal tenterem.” (QS. Ar-Ra’d :
28)
Wonten ing ayat sanes dipun ngendikakaken:
Ingkang jawinipun: “Lan
sapa wonge mengo saka dzikir marang Ingsun (pepengeting Al Qur’an), wong iku
bakal oleh pangupa jiwa kang rupek, lan wong iku bakal Ingsun giring ing dina
kiyamat kahanane wuta.” (QS. Thaha : 124)
Agami Islam ingkang kita nut menika nggadhahi sifat rahmatan lil ‘alamin. Saking menika
Allah SWT mboten badhe ngebot-boti gesangipun manungsa. Allah sampun ngukur
kekiyatan titahipun ing dalem ngleksanakaken printah lan nebihi awisanipun. Kadosta
pelaksanaan siyam Ramadhan, tumrap tiyang muslim ingkang sampun baligh lan
sehat, piyambakipun dipun wajibaken siyam wiwit fajar shadiq dumugi suruping
srengenge. Ananging menawi nembe nandhang gerah awrat, piyambakipun dipun
parengaken buka lajeng nggantos ing dinten sanes. Tumrap tiyang sepuh sanget
ingkang mboten kiyat siyam, piyambakipun dipun parengaken buka lajeng mbayar
fidyah. Tiyang setri ingkang nembe ngandhut utawi nesepi lare, piyambakipun
pikantuk keringanan buka lajeng wajib mbayar fidyah lan qadha’ ing dinten
sanes. Kanthi mekaten syari’at agami cak-cakanipun luwes lan kondisional.
Miturut
Imam As-Syatibi, salah satunggaling fuqaha’ Andalusia/Spanyol, bilih syari’at
agami menika nggadhahi tujuan njagi lan ngayomi 5 (gangsal) perkawis: Sepisan, hifdzud din. Inggih menika njagi jejeging agami lan pangibadahan
dhateng Pangeran. Manungsa mujudaken titah ingkang paling begja menawi dipun
bandhingaken makhluk sanesipun. Allah SWT nyiptakaken ing dalem bentuk, wujud,
rupa ingkang paling endah lan sampurna. Minangka wujud syukur, Allah SWT
printah dhateng kawulanipun supados purun nyembah lan patuh tumrap
peraturan-peraturanipun. Allah paring pangandikan:
Artosipun: “Lan
wong-wong iku ora den printah kejaba
nyembah marang Allah kalawan murnekake ketaatane marang Allah ing dalem
(ngleksanakake) agama kanthi jejeg.” (QS. Al Bayyinah: 5)
Kaping kalih, hifdzun nafs. Inggih menika njagi keslametan jiwa lan raga manungsa
saking tumindak awon ingkang ngancam kelangsungan gesangipun. Jiwa lan raga
hakikatipun amanah saking Allah. Pramila kawulanipun kedah ngreksa kasarasanipun.
Nalika nandhang gerah enggal-enggal dipun padosaken usada. Saking menika, Islam
nglarang sedaya tumindak ingkang njalari risakipun jiwa lan raga kados pasa
ngebleng, bunuh diri, paten pinaten lsp.
Kaping tiga, hifdzul ‘aql. Inggih menika njagi fungsi akal. Akal mujudaken
barang berharga ingkang mbentenaken antawisipun manungsa kaliyan makhluk
sanesipun. Lelantaran akal manungsa saged mbekta gesang punika ing alam
kemajengan. Kita dipun printah njagi kasarasan akal. Akal ingkang sehat saged
mbentenaken tumindak ingkang manfaat lan madharat, sae lan awon, jejeg lan
menceng lsp. Pramila Islam nglarang sedaya tumindak ingkang njalari risakipun
fungsi akal kadosta minuman keras, narkoba, lan sedaya ingkang memabukkan.
Kaping sekawan, hifdzul mal. Inggih menika njagi lan paring perlindungan tumrap
harta benda utawi hak milik saben-saben tiyang gesang. Sedaya tiyang temtu
nggadhahi cita-cita supados gesangipun ing alam donya menika bahagia lan
sejahtera lahir batinipun. Pramila sedaya tiyang kedah ikhtiyar jumbuh kalayan
profesi lan kemampuanipun. Sasampunipun kagungan kekayaan, piyambakipun kedah
saged nanjakaken ing margi kesaenan murih pikantuk ridhanipun Allah lan berkah
gesangipun. Saking menika Islam tansah nyegah pemindahan hak milik mawi cara-cara
kang batil kadosta penipuan, ngrampok, nyolong lsp.
Kaping gangsal, hifdzun nasl. Inggih menika njagi luhuring kaluwarga lan keturunan.
Kados sampun sami priksa bilih Allah nyiptakaken manungsa wujudipun kalih jinis
inggih menika jaler kalawan estri. Menawi sampun ngancik diwasa mboten mokal
menawi tiyang jaler kepincut tiyang setri utawi kosok wangsulipun awit menika
sampun dados kodratipun titah utawi sunnatullah.
Allah lan Rasulipun ndhawuhaken enggal nikah tumrap sok sintena ingkang sampun
manggihaken calon pasangan ingkang sampun siap dipun dadosaken sisihan gesang.
Jalaran kanthi nikah, gesang langkung berkah, halal lan saged njagi luhuring
gesang. Saking menika Islam tansah nglarang pergaulan bebas sebab saged ngrisak
silsilah gesang manungsa lan nuwuhaken pinten-pinten penyakit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar