Kamis, 24 April 2014

KHUTBAH JUM"AT: BAHASA JAWA



Sidang jum’at rohimakumulloh

Ingkang sepindah kawulo ngajak dumateng awak kawulo piyambak lan sedoyo jamaah, sumonggo kito ningkataken iman soho taqwo kito dimateng Alloh SWT. Kanthi predikat iman ingkang saestu sahinggo kito dados golongan umat ingkang kamil (sampurno). Iman ingkang ateges pithados dumateng Alloh SWT, ingkang dipun lahiraken saking ati kito, lisan kito, khaliyah (prilaku) kito. Taqwo ingkang ateges nglampahi punopo ingkang dados perintahipun Alloh SWT lan nebihi sedoyo ingkang dados cawisanipun gusti Alloh SWT. Sholawat soho salam kito aturaken dumateng Nabi Agung Muhammad SAW, mugi kito dados golongan ingkang pikantuk syafaatipun dunyo dumugining akherat.

Sidang jum’at rohimakumulloh

Wonten ing sidang jum’at puniko kawulo bade beberaken bab “ADIL” injih puniko adil asli tembung bahasa bahasa arab saking kalimat ‘adala artosipun : saget nyelehaken perkawis kanthi pas wonten tempatipun. Utawi ing bahasa ilmiyah kawastanan proposional. Contonipun tiyang ingkang ngukumi perkawis haq kedah haq. Mboten dipun buremaken lajeng malah dados lepat. kosok wangsulipun ingkang lepat kedah lepat. Wondene sifat adil puniko kukuh. Ingkang tegesipun : mboten mihak satunggal lan satunggalipun. Wondewne menawi kito tingali saking kocomoto akhlaq masuk ing akhlaqul karimah (akhlaq minulyo).
Alloh SWT dawuh wonten QS. An Nahl : 90





Tegesipun : Temen setuhene gusti Alloh iku, wus mrintahake marang siro kabeh kelawan adil. Lan gawe kebecikan, nekani marang kaum kerabat lan Alloh wus nglarang tumindak keji, lan mungkar lan memengsahan. Mengkono iku pelajaran marang siro kabeh supoyo siro biso jupuk pelajaran (QS. An Nahl : 90)
Alloh SWT dawuh wonten QS. Al Hujorot : 9



Tegesipun : mongko apiono siro kabeh antarane karone kelawan adil lan mlakuwo adil siro. Temen satuhune gusti Alloh demen marang wong-wong kang lumaku adil (QS. Al Hujorot : 9)

Sidang jum’at rohimakumulloh

Lumaku adil iku biso kaperang ing sekawan bagian yoiku :
1.    Adil marang Alloh SWT

Maksudipun Lumaku adil enjih puniko kito kedah saget nyelehaken perkawisipun Alloh SWT, sae ing dalem ibadah mahdzoh lan ghoiru mahdzoh soho perkawis amaliyah ing pas forsinipun utawi tempatipun kang pas lan haq sahinggo leres miturut tatanan agami lan negari. Kanthi puniko iman, taqwo, soho sedoyo amaliyah kito nandaken golongan umat ingkang berkualitas lan profesional. Akhiripun iman soho taqwo kito dados umat ingkang kamil utawi sampurno.
Alloh SWT dawuh wonten QS. An Najm : 38-39




Tegesipun : Eling-elingo siro kabeh wong kang doso iku, ora den tibaake marang dosane wong liyo. Lan temen setuhune manungso iku ora merkoleh sak liyane opo kang den usahake. (QS. An Najm : 38-39)
Kanthi dawuh puniko kito saget mendet hikmahipun, kapan kito kedah nglampahi ibadah wajib koyo dene : sholat limang waktu, zakat, poso romadlon, haji, menawi sampun mampu, ugi nglaksanaaken ibadah ghoiru mahdzohipun, soho usaha ingdalem nyekapi sedoyo kebetahan gesang  lan sesambetan ing alam donyo niki.

2.    Adil marang awak kito

Maksudipun lumaku adil puniko kito saget nyelehaken ing masalah lan kebethan pribadi pas ing panggenan kang leres, mboten dipun campur adukaken masalah lan kebutuhan pribadi kaliyan masalah lan kebetahan umum. Kanthi puniko kito kedah kukuh, kiyat, teguh sahinggo terjagi kesaenan lan slamet ingdalam dunyo dumuginipun akherat. Ojo nganioyo awak kito piyambak kanthi nuruti howo nafsu. Contonipun : dusto, ngumbe-ngumbe kang dadeaken mabuk, colong-jupuk sak podo-podo, zino, lan sak piturute. Kito kedah saget njagi awak kito piyambak kanthi gesang ngugemi tatanan agamami lan negari, sahinggo gesang kito pikanthuk derajat mulyo,  istiqomah, sakinah mawaddah, warrohmah lan gesang kito pikantuk golongan bejo ing dunnyo lan akherat.
Alloh SWT dawuh wonten ing QS. An Najm : 40-41




Tegesipun : lan temen satuhune perkoro amal kang wus dilakoni sesuk arep den tontonake. Mongko nuli arep den wales kelawan piwalesipun gusti Alloh SWT kang paling sampurno (QS. An Najm : 40-41)

3.    Adil marang wong liyo

Maksudipun adil puniko saget nyelehaken perkaranipun sederek kito pas, ing dalem kedudukanipun. Kito kedah saget ngaturaken haq tiyang sanes kelawan pas lan tepat sasaran forsinipun. kanthi dipun lambari sifat jujur, amanah, leres ing dalem nekaaken syri’at utawi hukum ingkang haq. Mboten ngirangi sekedik kemawon haq ipun sederek kito lan mboten dadosaken rugi sederek kito sae ing dalem babagan material lan non material.  
Alloh SWT dawuh ing dalem QS. An Nisa’ : 58




Tegesipun : Temen setuhune Alloh wus mrintahake siro kabeh nekaake amanat marang kang berhaq merkoleh. Lan Alloh wus mrentahake marang siro kabeh tetkalane netepake hukum ing antarane manungso supoyo siro netepake hukum kelawan adil (QS. An Nisa’ : 58)   

4.    Adil marang sesami makhluqipun Alloh SWT

Maksudipun enjih puniko kito manungso selaku pemimpin bumi (kholifatul ardli) supados saget adil lan ngasihi sedoyo titahanipun gusti Alloh SWT. Sae dumateng hewan, tetumbuhan, toyo, udara (howo), alam, bumi ingkang kito tinggal  lan sak isinipun. Kito mboten dipun printahaken ngrisak anamung kito supados saget jagi, memelihara lan nglestantunaken (istimror). Amargi hewan, tetumbuhan, alam sekitar puniko ugi dados keseimbangan. Risak setunggal bade berdampak kelawan ingkang sanes. Kito dipun larang tumindak eksploitasi alam.

Sidang jum’at rohimakumulloh

Mekaten sidang jum’at puniko mugi kito saget mendet hikmahipun lan akhiripun kito dados golongan umat ingkang pikanthuk ridlo Alloh SWT lan dados umat kang bejo ing dunnyo lan akherat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar